Pages

Selasa, 23 Juli 2013

Umat Hindu Klaten Melaksanakan Tirta Yatra ke Candhi Merak

Upacara Tirta Yatra Ing Candhi Merak

Umat Hindu Klaten. Puluhan lare pangrasuk Agami Hindu, warganing Pasraman Saraswati, Desa Pasung, Kecamatan Wedi, Kabupaten Klaten ngadani Upacara Tirta Yatra utawi  lampah suci dhateng situs Candhi Merak, ingkang dumunung ing Kecamatan Karangnongko, Klaten. Ancasing upacara kangge nyaketaken dhiri utawi bakti dhateng Sang Hyang Widi sarta kangge njurung raos tresna lare dhateng benda cagar budaya.

--> Upacara Tirta Yatra, ajeg dipun tindakaken dening Umat Hindu, makaten ugi  lare-lare pangrasuk Agami Hindu warganing Pasraman Saraswati, Desa Pasung, Kecamatan Wedi. Upacara Tirta Yatra padatanipun dipun adani ing papan ingkang suci, antawisipun pura, candhi lan sawetawis cagar budaya tilaran leluhur. Bimas Hindu Kemenag Klaten Suyamto ngandharaken, ancasipun ngadani Upacara Tirta Yatra dhateng Candhi Merak kangge nepangaken lare-lare dhateng benda cagar budaya supados lare wanuh dhateng cagar budaya satemah saged ngaosi, lan nresnani budayanipun. Ing kalodhangan kasebat ugi dipun adani upacara puja bakti, pralambang kewajiban pangrasuk agami kangge ngibadah.

Ketua Parisada Hindu Darma Indonesia (PHDI) Kecamatan Wedi, I Ketut Ketis ngajab Upacara Tirta Yatra sageda dados beteng menggahing  wiranem kangge nebihi lampah nalisir, antawisipun kangge ngawekani penyalahgunaan narkoba, kenakalan remaja sarta  pergaulan bebas.

sumber : www.jogjatv.tv

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terima Kasih atas kunjungan dan kesan yang telah disampaikan