Pages

Selasa, 09 Juli 2013

Utsawa Dharma Gita di Pura Pucang Sari


Lembaga Pengembangan Dharma Gita Propinsi Jawa Tengah, ngadani seleksi Utsawa Dharma Gita utawi ngidung kidung suci ing Pura Pucang Sari, Desa Srebegan, Kecamatan Ceper, Kabupaten Klaten. Lomba ingkang dipun estreni dening 390 pamupu saking 14 kabupaten/kota wewengkon Jawa Tengah dipun kepyakaken dening Dirjen Bimas Hindu Kementrian Agama RI, Ida Bagus Yuda Triguna.
Salebeting seleksi Utsawa Dharma Gita, dipun adani maneka lomba, antawisipun Lomba Dharma Widya kangge siswa SD ngantos SMA, Lomba Dharma Wacana Basa Inggris, Lomba Maos Sloka, Palawakya, lan Kidung Daerah. Pasarta ingkang sasab salebeting lomba samangke, badhe majeng lomba tataran  nasional ingkang badhe dipun adani ing  Palangkaraya.

Dirjen Bimas Hindu Kementrian Agama RI, Ida Bagus Yuda Triguna ngajab, lomba punika dados sarana kangge nggatra alusing budi Umat Hindu sarta nggrengsengaken srada sarta bakti kangge mujudi bebuden luhur. Kajawi punika kangge ndayakaken kasagetan maos kitab suci Weda lan  ngidung kidung suci.

Lomba ingkang dipun kepyakaken dening Ditjen Bimas Hindu Kementrian Agama kasebat, dipun regengaken jatilan, reog , lan pentas  tari  Jawa lan  tari  Bali, awit  kesenian mujudaken perangan ingkang boten saged uwal salebeting upacara pangibadahan Umat Hindu. Kejawi punika ugi dipun adani usada lelahanan. Pucaking lomba dipun gelar pagelaran  ringgit purwa dening  dhalang cilik saking Pasraman Kabupaten Semarang lan dhalang mudha Ki Purwa Carita saking Klaten.

Sumber : http://www.jogjatv.tv/berita/08/07/2013/seleksi-utsawa-dharma-gita

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terima Kasih atas kunjungan dan kesan yang telah disampaikan